aku bingung aku arep crito nang sopo. soale arek-arek lek aku crito iki pasti jawabane, "kon iku bersyukuro, sik akeh sing luwih nyesek tekan kon, ojok macak susah" yo koyok tanggepanku lek arek-arek crito. tapi sakjane aku gak njaluk dikasihani. aku mek bingung ae yaopo. soale kabeh iki gaiso diubah. padahal obsesi ku sik gedhe. aku gak iso move on.
masalahe. aku gak iso move on guduk mbek sopo tapi mbek opo. aku gak iso move on tekan smanti.
aku ngerti bodo ancene memperjuangkan sesuatu sing wes gaiso diperjuangkan. aku kudu lapo aku bingung. kon ngerti nyesek diputusno, iki luwih nyesek. aku gak iso lapo-lapo he dan aku merasa garing ndek smarihasta. koyok aku wes kehilangan pesona ngono modele -.- trus ndek kono tak delok-delok areke............rodewe, dhuwik berjibun.
trus wingi aku ndelok teaser e pscs. hwaaa. nangis langsung an. emboh he aku puegel sumpah. aku isin. pegel. opo o se aku gak iso mlebu smanti. opo o. yo ngerti aku kudune bersyukur, sopo eroh ndek smarihasta aku luwih menonjol. tapi aku gak duwe sopo-sopo he ndek kono aku gak duwe kenalan yunooo. aku kudu yakpo. aku bingung. aku sedih. tapi aku yo gak iso lapo-lapo. saiki arepe lapo lek kon wes ketrimo ? wong ibukku yo gak gelem nyogokno aku, dan aku yo gak gelem mutasi masio semester 2 -.- lek iso yo mutasi no saiki ae :( #dikaplok
wes gaiso rek. aku wes tes sembarang kalir. ancene sampe saiki aku durung ikhlas dan aku gak ngerti yaopo cara mengikhlaskan kono iku. bingung aku. yaopo aku engkok ndek smarihasta. serius bingung. aku gak duwe sopo-sopo ndek kono. tapi aku pingin keren.gak mek ngene. lalu mulai kangen masa-masa kelas 8 :(
Komentar
Posting Komentar