iki aku nggawe boso sing mudah mbok cerna ae rek.
dengan cara nawur kancane sing menilai bahwa wedok iki gak pantes gawe sing lanang, wedok akan
aku kate njelasno sudut pandangku ambek wedok-wedok sing nyedeki seorang lanang tanpa nyedeki konco-koncone.
dan bodone.. berhasil.
lek jareku, lanang iku kakehan ndek umur-umur sakmene iku sik nggamblok koncone, emboh umur sak ndhuwure iki. opo-opo takon kancane, opo maneh lek pas ujian.
lek aku, ket biyen pdkt mesti sing tak cedheki koncone sik, trus pasti koncone ngenalno aku mbek target, baru kenalan, haha-hihi, kode-kode, trus emboh kecanthol opo enggak.
kecanthol alhamdulillah, enggak yo usaha maneh, lek pancet ora yo gak jodho, lanang sik akeh..
bingung aku ambek sing bangga perkoro ditembak tanpa pdkt. di trimo barang harah. iku jenenge faktor f rek. iki anyar. senenganku. faktor f. face.
rupo,body, yo fisik intine. gak menjamin yaopo atimu, kelakuanmu, sifatmu.
babah wayu yo rek, lek kon gak asik dijak omong yo susah pasti kon ngrasakno uripmu.
iki tak kandani cara pdkt sing paling top markotop, terbukti lo. serius iki
1. cedhekono kancane.serius iki. koyok alesan sing ndek dhuwur maeng, lanang ndek umur sakmene sik nggamblok kancane. mangkane cedhekono kancane, engkok kon dikenalno, lek enggak yo sok-sok o cedhek, "eh aku sering liat kamu tapi kok kita ga pernah kenalan sih?" yo ojok dibayangno aku sing ngomong, gak cocok soale. nggarai kon ilfeel. trus yo sksd o, tapi jok ngetok i lek awakmu seneng, ngalih salah-salah areke, flirting oleh, tapi lek awakmu gak pinter mending ojok. ditunggoni ae banyune mili nangdi.
2. dadi awakmu dhewe.maksudku yo guduk ngguyu dimangapno mangan kecapan ngono. pancet o jaim. tapi dadi o awakmu dhewe. dadi lek kon ancen gak seneng yo ngomongo ae kon gak seneng, lek kon merasa iku apik yo ngomong, kan duwe lambe siji-siji. engkok tekan dadi awakmu dhewe iku kon iso entuk bahan-bahan pembicaraan sing insya Allah gak garing. soale dasare kabeh menungso iku kepo. trus pisan iki onok manfaat e lek kon berhasil mbek target, dadi kon gak perlu akeh-akeh mengungkap kebohongan mu -_- iling yo rek, jaim ! tapi ojok nemen-nemen. tarik ulur lah. kon mancing-mancing o engkok arek-arek iku jarno en cekno takon-takon dhewe.
3. #KODEiki bagian paling angel sekaligus paling menyenangkan. kudu pinter-pinter cek dhe.e ngerti tapi gak nggarai kon ketok murahan. masalahe lek kon ketok murahan, iso-iso engkok konco-koncone iku sing iyo risih mbek kon, engkok moro pas si target wes mulai yakin tambah konco-koncone sing nggarai ragu. tak kandani, kon eroh opo o kok konco iku penting ? soale konco iku masyarakat. kon lak gak gelem se lek pacarmu isin-isini ? lha anggepen si target iki sedang njaluk nilai nang massa tentang awakmu, menungso lak senengane melok-melok se, lha iki si target mungkin iso melok mungkin iso enggak, intine lek koncone gak seneng BIASANE dhe.e bakal mundur. tapi lanang bedo-bedo, onok sing ya yo ya yo ae. onok sing koncone ditawur padahal koncone gak lapo-lapo. nang lek sing ya yo ya yo iku sing manut kancane, lek sing ditawur iku sing biasane di senengi kodew-kodew, kenopo ? soale wedok pingin diperjuangkan.
dengan cara nawur kancane sing menilai bahwa wedok iki gak pantes gawe sing lanang, wedok akan
1. berusaha gawe membuktikan bahwa dhe.e iku sangat amat pantes gawe sing lanang.
ATAU
2. nangis.
wes, iku loro iku. titenono...
tak kandani,
wong single atau jomblo iku podo ae, aku ngerti kon kate ngomong lek single pilihan jomblo iku nasib. tapi kabeh nasib iku pilihan. kadang kon iku guduk gak laku, kon mek kurang usaha dan kon gak ngerti carane usaha. lek kon ngerti tapi sik enggak, mungkin caramu salah. gampang kan.
ngono kadang menugso jik ngengkel ae, susah.
jenenge ae menungso.
ah uwes, kok malih curhat ngene.
rek, iki aku gak kementus, serius, wes terbukti. lek kon berhasil berarti caramu bener, lek enggak yo ayo nyobak maneh, ala bisa karena biasa, kesimpulane yaopo, say? yo sik salah berarti caramu. wes gausah nggrundel, monggo dicobak rumiyin :)))
Komentar
Posting Komentar