i'm not a mind reader.
people hate me much, but in front of me they act like there's nothing wrong with us.
in fact, i know how much they really hate me.
jujur ae rek. gak seneng aku kelas songo iki.
aku diilok-ilokno lonte, diilok-ilokno sembarang kalir.
yo sak sabar-sabare wong mbok kiro atine tekan watu tah?
aku sakjane gak sabar. aku mek males ngurusi.
aku wes gelek diilok-ilokno ket cilik.
lek tak lawehi tambah nglarani ati.
sing iyo aku tambah nggarai kon-kon pengen tambah ngilokno aku.
yowes mending aku meneng.
saiki aku gak butuh konco sing ngilok-ngilokno aku ndek mburi.
saiki tak lurusno ae kabeh.
dor, gab, kon ngrasani aku a ? lek iyo. iki tak kandanani.
aku sayang kon.gab, aku gak ngrebut viola.
dor, aku sayang kon.
tapi aku gak nemu kon sing koncoku.
aku gak njaluk dora sing biyen.
soale aku guduk mich sing biyen.
aku lo gak duwe dunyo dhewe dor.
koncoku pancet. dunyo ku gak ganti, dunyoku nambah.
aku saiki sibuk dor. pelarian ku mek klambi apik mbek twitter.
dadi sepurane lek au saiki seneng macak dan nyocot ndek twitter.
gab, lek kon pingin ngomong karo viola yo ngomongo dhewe,
aku gak katene melok-melok. iku urusanmu.
za, iki kon tak kandani pisan.
viola mbek firyal biasa ae nang kon.
wingi iku gak ninggal, tapi viola mbek firyal yo gak gelem ngganggu lek kon pingin ngomong karo aku.
saiki opo o sih kon bondo "aku gak seneng mbek arek iku" ae kok dadi dowo ?
padahal sing gak kene senengi iku durung tentu bener.
min, kon pisan tak kandani soale kon sering merasa lek aku ngacangi kon.
aku gak ngacangi kon.
lek kon pingin cerito yo cerito o.
tapi yo ngerti o lek koncoku gak mek kon.
lek misale wong gak noleh pas mbok celuk iku durung tentu ngacangi kon.
isok ae wong iku kuping e rodok sombong dadi rodok gak krungu.
yo lek kon arep nganggep aku saiki duwe dunyo dhewe iku sak senengmu lah.
wong yo hak-hakmu kate ora seneng karo aku ae.
ancen akeh sing gak seneng..
fir, firyal. iki kon tak kandani.
dora selama iki durung tentu maksud nyindir kon soal 1D.
paling areke yo lagi gak seneng ae.
lek kon merasa yo ngomongo.
lek areke pancet gak seneng yo entenono ae.
there's nothing wrong with fangirling.
aku gak ngurus rek sopo ae sing ngilokno aku ndek mburi.
lek saiki aku ngomong, kabeh ilokanmu nang aku iku bener.
yo ancene aku lontes sak lontes-lontes e lontes ndek utekmu.
saiki takono lonte ndek stasiun,
"mbak, sampeyan pingin duwe urip enak ora?"
kabeh wong pingin, lonte,kirik,jaran,wedhus,srikus.kabeh pingin.
(padahal sing tak sebutno ndek ndhuwur guduk wong kabeh kecuali loro)
(padahal sing tak sebutno ndek ndhuwur guduk wong kabeh kecuali loro)
tapi ngerti o. urip enak ku iku lek iso guyon karo kon kabeh.
lek ketemu kon ndek kantin iku gak awkward.
cukup.
yo tak akoni. ancen sense of fashion ku ganok apik-apik e.
tapi iki passion ku. iki sing nggarai aku gak bunuh diri masio mbok ilok-ilokno saklawase.
tolong ngertio yo.
suwun sakdurunge.
Komentar
Posting Komentar